Kudhi Banyumas

Halaman ini berisi teks aksara Jawa untuk dapat menampilkan aksara Jawa anda perlu memasang fonta TuladhaJejeg_gr.ttf pada komputer anda. Cara install font di sini

CDepeZiUMAAJ2vq.jpg

꧁ꦏꦸꦝꦶꦧꦚꦸꦩꦱ꧀꧂
ꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦮꦂꦒꦧꦚꦸꦩꦱ꧀ꦭꦤ꧀ꦱꦼꦏꦸꦧꦼꦔꦺꦩ꧀ꦭꦶꦒꦶꦮꦺꦴꦁꦱꦶꦁꦩꦁꦒꦺꦴꦤ꧀ꦤꦁꦢꦺꦱꦩꦼꦱ꧀ꦛꦶꦏꦼꦤꦭ꧀ꦏꦫꦺꦴꦱꦶꦁ ꦲꦫꦤ꧀ꦤꦺꦏꦸꦝꦶ꧉ ꦏꦸꦝꦶꦏꦸꦮꦺꦱꦭꦃꦱꦶꦗꦶꦒꦩꦤ꧀ꦲꦸꦠꦮꦱꦼꦚ꧀ꦗꦠꦱꦶꦁꦱꦼꦫꦶꦁꦢꦶꦲꦼꦁꦒꦺꦴꦢꦺꦤꦶꦁꦮꦺꦴꦁꦤꦁꦠ꧀ꦭꦠꦃ ꦧꦚꦸꦩꦱ꧀ꦭꦤ꧀ꦱꦼꦏꦸꦧꦼꦔꦺꦏꦁꦒꦺꦴꦩ꧀ꦧꦼꦭꦃꦲꦸꦠꦮꦤꦸꦒꦼꦭ꧀ꦏꦪꦸ ꦥꦿꦶꦁꦭꦤ꧀ꦱꦥꦤꦸꦁꦒꦭꦤꦺ꧉

ꦏꦸꦝꦶꦏꦸꦮꦺꦥꦼꦝꦩꦲꦸꦠꦮꦄꦭꦠ꧀ꦏꦼꦂꦗꦱꦶꦁꦢꦸꦮꦺꦤꦶꦩꦤ꧀ꦥꦔꦠ꧀ꦱꦶꦁ ꦲꦏꦺꦃꦏꦪꦠ꧇

ꦱꦶꦱꦶꦃꦔꦶꦱꦺꦴꦂꦱꦶꦁꦧ꧀ꦊꦟ꧀ꦝꦸꦏ꧀ꦏꦪꦮꦼꦠꦼꦁꦏꦁꦒꦺꦴꦩ꧀ꦧꦼꦭꦃꦲꦸꦠꦮ ꦤꦸꦒꦼꦭ꧀ꦏꦪꦸꦭꦤ꧀ꦥꦿꦶꦁ꧈
ꦱꦶꦁꦩ꧀ꦊꦁꦏꦸꦁꦏꦁꦒꦺꦴꦔꦺꦴꦪꦺꦴꦠꦶꦏꦪꦸꦲꦸꦠꦮꦥꦿꦶꦁꦱꦸꦥꦪꦲꦭꦸꦱ꧀
ꦥꦸꦕꦸꦏꦺꦱꦶꦁꦭꦚ꧀ꦕꦶꦥ꧀ꦏꦁꦒꦺꦴꦤꦾꦸꦏꦶꦭ꧀ꦏꦿꦩ꧀ꦧꦶꦭ꧀ꦲꦸꦠꦮꦩ꧀ꦧꦺꦴꦭꦺꦴꦁꦔꦶ ꦏꦪꦸ꧈
ꦱꦶꦱꦶꦃꦤ꧀ꦢꦸꦮꦸꦂꦲꦸꦠꦮꦒꦼꦒꦼꦂꦧꦶꦱꦏꦁꦒꦺꦴꦤꦸꦛꦸꦏ꧀ꦏꦪꦢꦺꦤꦺꦥꦼꦤ꧀ꦢꦺꦭ꧀꧈
ꦮꦝꦃꦏꦸꦝꦶꦲꦫꦤꦺꦏꦺꦴꦫꦏꦤ꧀ꦲꦸꦠꦮꦏꦼꦛꦺꦴꦥꦿꦏ꧀ꦱꦶꦁꦕꦫꦏꦼꦫꦶꦱꦺ ꦪꦮꦿꦁꦏꦤꦺ꧉
ꦏꦺꦴꦫꦏꦤ꧀ꦢꦶꦒꦮꦺꦱꦼꦏꦁꦏꦪꦸꦧ꧀ꦭꦧꦒ꧀ꦢꦶꦧꦺꦴꦭꦺꦴꦁꦔꦶꦏꦁꦒꦺꦴ ꦤ꧀ꦢꦼꦭꦃ ꦏꦸꦝꦶ꧉
ꦏꦺꦴꦫꦏꦤ꧀ꦢꦶꦮꦺꦲꦶꦠꦭꦶꦏꦁꦒꦺꦴꦚ꧀ꦗꦶꦉꦠ꧀ꦤꦏꦺꦴꦫꦏꦤ꧀ꦤꦁꦧꦺꦪꦺ ꦏꦤ꧀꧈
ꦲꦁꦒꦼꦂꦢꦶꦒꦮꦩ꧀ꦭꦏꦸꦲꦺꦴꦧꦲꦺꦏꦸꦝꦶꦤꦧꦿꦏꦶꦏꦪꦸꦤꦺꦢꦢꦶꦩꦺꦴꦤꦶ ꦏꦼꦛꦺꦴꦥꦿꦏ꧀ꦏꦼꦛꦺꦴꦥꦿꦏ꧀꧈

Transliterasi Aksara Latin
Tumrap warga Banyumas lan sêkubêngé mligi wong sing manggon nang dèsa mêsti kênal karo sing arané kudhi. Kudhi kuwé salah siji gaman utawa sênjata sing sêring diênggo dèning wong nang tlatah Banyumas lan sêkubêngé kanggo mbêlah utawa nugêl kayu pring lan sapanunggalané. Kudhi kuwé pedhama utawa alat kêrja sing duwèni manpangat sing akèh kayata :sisih ngisor sing blêndhuk kaya wêtêng kanggo mbêlah utawa nugêl kayu lan pring, sing mlêngkung kanggo ngoyoti kayu utawa pring supaya alus, pucuké sing lancip kanggo nyukil krambil utawa mbolongi kayu. Sisih nduwur utawa gêgêr bisa kanggo nuthuk kaya dènè pêndhêl.Wadhah kudhi arané korakan utawa Kethoprak sing cara kêrisé ya wrangkané. Korakan digawé sekang kayu blabag dibolongi kanggo ndêlah kudhi. Korakan diwei tali kanggo njiretna korakan nang bèyèkan, anggêr digawa mlaku obahé kudhi nabraki kayuné dadi moni kethoprak kethoprak.

Celeng Mogok Banyumasan

Lirik Lagu Celeng Mogok Banyumasan

Kiye ana gending celeng mogok banyumasan
Gerong keprak keprok komba yeksa ra balungan
kempule muni angungklung
saron penerus pinjalan
mas yo mas yo mas,  ya ya
mas yo mas yo mas,  ya ya
mas yo mas yo mas, ya ya
yo mas yo mas , iya

sindene tur kenes ceplak ceplus wangsalane
bonange imbalan kendange ya ketipunge
gambang mogok penabuhe dasar tanggung iramane
mas yo mas yo mas,  ya ya
mas yo mas yo mas,  ya ya
mas yo mas yo mas, ya ya
yo mas yo mas , iya

enak panganane dipangan karo kancane
timun sigarane melu mbangun negarane
blumbang isine ula, tiwas ngundang ora ngapa-ngapa

unduh Celeng Mogok Banyumasan mp3

Wayang Sugino Siswocarito - Abimanyu Gugur (Ranjapan)

Abimanyu Gugur 1B
Abimanyu Gugur 2A
Abimanyu Gugur 2B
Abimanyu Gugur 3A
Abimanyu Gugur 3B
Abimanyu Gugur 4A
Abimanyu Gugur 4B
Abimanyu Gugur 5A
Abimanyu Gugur 5B
Abimanyu Gugur 6A
Abimanyu Gugur 6B
Abimanyu Gugur 7A
Abimanyu Gugur 7B
Abimanyu Gugur 8A
Abimanyu Gugur 8B

Wayang Sugino Siswocarito - Anoman Obong

Anoman Obong 01
Anoman Obong 02
Anoman Obong 03
Anoman Obong 04
Anoman Obong 05
Anoman Obong 06
Anoman Obong 07
Anoman Obong 08
Anoman Obong 09
Anoman Obong 10
Anoman Obong 11
Anoman Obong 12
Anoman Obong 13
Anoman Obong 14