Lirik Lagu Banyumasan - Randa Nunut

Randane nunut, ora nginang ora ngemut
(ora nginang ora ngemut)
Lambene di grumut semut
(Lambene di grumut semut, bocah bocah kuwe nyolong jagung, kebayane diomeih meneng bae, suwe suwe nggo mantune)
Randane nunut, ora nunut tukang kendang
(ora nunut tukang kendang)
Nunuta sing tukang bonang
(Nunuta sing tukang bonang, pindang pigan pitik bumbune sarwa setithik, aja ngumbar prawan cilik akeh bujang pathing slidik)

Randane nunut ora nunut tukang bonang
(ora nunut tukang bonang)
Nunuta sing dadi dalang
(nunuta sing dadi dalang, jojang rina rinu sega buket pari runu, cer cer pes pesan pager gelung bunder mambu seger)

Seteruse randa nunut
Suling toya lodong alit cinangkingan
Takokna wong bagus pundi griya
(takokena takokena wong bagus pundi griyane)
Suket latar celulang ciut godonge
Aja drengki wong urip bareng sebumi
(Aja drengki aja drengki wong urip bareng sebumi)
Jambe dawe, disigar dadi selawe
Mung sawiji kang dadi pilihanku
Janur gunung sakulon banjar patoman
Kadingaren wong bagus gasik tenane
(Kadingaren Kadingaren wong bagus gasik tenane)

Pungkaasane randane nunut
Sing moblong, moblong moblong dewek
Sing cunong, cunong, cunong dewek
Randa nunut banyumasan.

Lirik Lagu Banyumasan ilogondang

Kadar pira wong lanang sing rosa ngendang
(Esuk ngendang sore ngendang bubar ngendang kecemplung blumbang)
Kadar pira wong lanang sing rosa nggender
Esuk nggender sore nggender bubar nggender ketewer tewer
Kadar pira wong lanang sing pinter ngegong
Esuk ngegong sore ngegong bubar ngegong kejeglong jeglong

Sari laut rama kula nggih rama,
kluyur kluyur pada balik nganah ngidul
Ilogondang parikane
(owa lulu uuing)
eman eman eman, sing emang ketemu kapan
(sing eman ketemu kapan)
dongkel kelang, dongkel kelang,
dongkel kelang deneng bunge alang alang
wis ajege, wis ajege. wong lanang gede gorohe
(bisa gambang ora bisa nyuling. mas mas. Bisa nyawang ora bisa nyanding)

rama rama, tinggal rama melu rama
turi rawa, turi rawa.
Turi rawa kulintang kembang kuyanti, kulintang kembang kuyanti
Gurandangan, gurandang
Gurandangan goleti sing eman maning, Gurandangan goleti sing eman maning

(Sarung klekat ikete blangkon mas mas, yen ra nekad ora kelakon)

Sari laut rama kula nggih rama,
kluyur kluyur pada balik nganah ngidul
Ilogondang parikane
(uwa lulu uing)
Rumput toya, rumput toya
Kerinting tibaning griya, Kerinting tibaning griya
Dikemutan dikemutan, nalikane durung wawuh, nalikane durung wawuh

Lemud tingkrang, lemud tingkrang
marutu saban neng kandang, marutu saban neng kandang
Murang muring, murang muring
wong demeng arang kesanding, Wong demen arang kesanding

Sari laut rama kula nggih rama,
kluyuh kluyur pada balik nganah ngidul
Ilogondang banyumasan.

Lirik Lagu Banyumasan - Waru Doyong

Waru waru doyong mas
Doyong nang pinggir kali
Lunga ngendong 2x ora bali bali
Waru doyong nang pinggir kali lunga ngendong ora bali bali

Waru waru doyong rama
Doyong mujur ngetan
Lunga ngendong 2x nggo goletan
Waru doyong mujur ngetan lunga ngendong nggo goletan

Waru waru doyong
Doyong nang pinggir wangan
Lunga ngendong 2x golet pangan
Waru doyong mujur ngetan lunga ngendong golet pangan
Waru waru doyong rama, Doyong mujur ngulon
Lunga ngendong watone kelakon

Bisa gambang ora bisa nyuling
Bisa nyawang ora bisa nyanding

Waru waru doyong rama, doyong mujur ngalor
Lunga ngendong mlaku gleyar gleyor
Nandur jae nang galengan kono bae nggo delengan
Turi turi rawa rama kolentang kembang kuyanti
gurandangan goleti sing eman maning
gurandangan alah gurandangan, goleti sing eman maning
Janur janur gunung kakang, sakulon banjar patoman
Kadingaren wong bagus gasik tekane
Kadingaren kadingaren, wong bagus gasik tekane

Lirik Lagu Banyumasan - Senggot

Senggot semarang senggot, Nyidukena banyune sumur
Aja mundur aja mundur nggayuh praja adil makmur
Senggot semarang senggot, Nyidukena banyune kali
Ora rugi dadi wong titi wani mbela ibu pertiwi

Awang awang si mega mendung, Trenggilingan amba sisike
Tega nyawang ora tega nundung, Kelingan kebecikane

Senggot semarang senggot, Nyidukena banyune kali
Ngegot ayuh ngegot goletena sing pinter lengger

Eeeehh, ana lagu banyumasan garapane
Enake lagu kiye, sindenane ketipung kendange
Aduh kepenake aduh aduh kepenake
Eeeh aduh aduh kepenake suwe suwe
Aja pada dilaleke gotong royong tulung sawiji

Senggot semarang senggot, Nyidukena banyune blumbang
Ora rugi duwit segobang, Ayo kanca pada berjuang

Awang awang si mega mendung, Trenggilingan amba sisike
Tega nyawang ora tega nundung, Kelingan kebecikane

Senggot semarang senggot, Nyidukena banyune blumbang
Ora rugi duwit segobang, Waton mantep gole berjuang

Senggot semarang senggot, Nyidukena banyune kalen
Ora rugi wong pinter nyinden, Ngati ati awake kajen

Awang awang si mega mendung, Trenggilingan amba sisike
Tega nyawang ora tega nundung, Kelingan kebecikane

Wetan kali kulon kali tengah tengah ana oyode
Wetan bali kulon bali titimbang pada abote

Eeeehh, ana lagu banyumasan garapane
Enake lagu kiye, sindenane ketipung kendange
Aduh kepenake aduh aduh kepenake
Eeeh aduh aduh kepenake suwe suwe
Aja pada dilaleke gotong royong tulung sawiji

Grimis grimis meti suruh, Suruhe jarang jarangan
Nangis nangis kepengin weruh, wis weruh sawang sawangan

Gunung gunung digawe sawah, kepriwe gole mbanyoni
Atine bingung digawe susah, kepriwe gole nambani

Lirik Lagu Dawet Ayu Banjarnegara

Kakang kakang pada plesir
(maring endi yayi)
Tuku dawet, dawete banjarnegara
Seger adem legi
(apa iya)
Dawet ayu, dawete banjarnegara

Gatut kaca pringgondani
ana petruk irunge dawa
Wis semayan aja mblenjani
Ora kepetuk atine gela

Dari mana datangnya lintah
Dari sawah turun ke kali
Darimana datangnya cinta
Dari mata turun ke hati

Awang awang simega mendung
Trenggilingan amba sisike
Tega nyawang ora tega nundung
Kelingan kebecikane

Di sana gunung di sini gunung
Tengah tengah pohon melati
Di sana bingung di sini bingung
Teringat si jantung hati

Kalau ada sumur di ladang boleh kita menumpang mandi
Kalau ada umurku panjang
Boleh kita berjumpa lagi

Sida apa ora tuku dawet ayu, dawet banjarnegara
Seger dirasakna es campure
Alah krenyes, mung ora baen baen
Segere dicampur duren.

Lirik Lagu Gudril Banyumasan

Senajana wis kuna mengkuna
Krungu gendinge gudril banyumasan
Kendange buket ketipungan
Jogede angresepi bisa gawe bombong ati

pada gudril, pada gudril
Cagak awak jenenge sikil
Klasa janur klasane wong mbarang gawe
Ramane, rama
Dempe dempe wong seneng ngenteni simpe

pada gudril, gudril mumet
bubar gudril duwite gemet
suket latar celulang ciut godonge
ramane, rama
aja drengki wong urip bareng sebumi

Pada gudril, gudril temu lawak
bubar gudril lara ngawak
jenang beras bumbune ketumbar adas
ramane, rama
durung marem, durung marem
wong seneng kurang rembuge

Pada gudril, watu cilik jenenge krikil
lemud tingkrang marutu saba ning karang
murang muring
wong seneng arang kesanding

Pada gudril, gudril banyumasan
gudrile sepisan maning
jangkring rung rung ketitet alum wulune
yo mas, rama
lunga lungu, lunga lungu
kedanan sing liwat mau

Lirik Lagu Eling Eling banyumasan

(bawa)
Raden arya wrekudara
Nyata lamon satria ing jodipati
Prakosa gagah agung luhur
Godheg wok simbar jaja
Yen ngandika gereng gereng
pindak guntur
Dasar satria prawira tama
Eling kula eling gunungane senapati


Eling eling sapa eling balia maning
Jambe dawe disigar dadi selawe, rama
Mung sawiji mung sawiji. mung sawiji kang dadi pilihanku
Eling eling sapa eling balia maning
janur gunung sakulon banjar patoman, rama
kadingaren kadingaren. kadingaren wong bagus gasik tekane

Eling eling sapa eling balia maning
sayur pace lembayung pait rasane, rama
mangsa borong mangsa borong. mangsa borong kula nderek sakersane
Eling eling sapa eling balia maning
duro ijo duro ijo sak kurungan
jo maido jo maido. jo maido nanggap sinden isih bodo

Jambe dawe disigar dadi selawe, rama
Mung sawiji mung sawiji. mung sawiji kang dadi pilihanku

Lirik Lagu Ricik Ricik banyumasan

Ricik gemricik gurimise wis teka sedela maning
Bapake wis teka nyong kaget
Aduh rika mbekta napa
Bungkus pethak niku isi napa

Kiye gendung leh oleh kang larang pitukone
Pinten pitukone pak,
Kula sagah pak, sagah pak sagah mawon
lha iya Tampakena gendung aja bosen
eh tobil Jebulane gambare calone kangmase

Rama rama jaluk madhang lawuh uyah
Moh madhang lawuhe uyah rama jaluk bojo sing dadi lurah
Rama rama, jaluk madhang lawuh trasi
moh madhang lawuhe trasi rama
Jaluk bojo sing dadi pulisi
Rama rama, jaluk madhang lawuh tahu
moh madhang lawuhe tahu rama
Jaluk bojo sing dadi bau
Rama rama, jaluk madhang ajang godhong
moh madhang ajange godhong rama
Jaluk kanca sing gotong royong
Rama rama, jaluk madhang lawuh kripik
moh madhang lawuhe kripik rama
Jaluk bojo sing dadi dadi carik

Wakul kayu cepone wadah pengaron
Kapanane ketemu pada dewekan
Turi rawa kulintang kembang kuyanti
Kurandangan goleti sing eman maning
Dongkel gelang jenenge bung alang alang
Wis ajege wong lanang gede gorohe
Lisus kali kedung jero banyu mili
Meneng soten atine bolar baleran