Lirik Lagu Banyumasan ilogondang

Kadar pira wong lanang sing rosa ngendang
(Esuk ngendang sore ngendang bubar ngendang kecemplung blumbang)
Kadar pira wong lanang sing rosa nggender
Esuk nggender sore nggender bubar nggender ketewer tewer
Kadar pira wong lanang sing pinter ngegong
Esuk ngegong sore ngegong bubar ngegong kejeglong jeglong

Sari laut rama kula nggih rama,
kluyur kluyur pada balik nganah ngidul
Ilogondang parikane
(owa lulu uuing)
eman eman eman, sing emang ketemu kapan
(sing eman ketemu kapan)
dongkel kelang, dongkel kelang,
dongkel kelang deneng bunge alang alang
wis ajege, wis ajege. wong lanang gede gorohe
(bisa gambang ora bisa nyuling. mas mas. Bisa nyawang ora bisa nyanding)

rama rama, tinggal rama melu rama
turi rawa, turi rawa.
Turi rawa kulintang kembang kuyanti, kulintang kembang kuyanti
Gurandangan, gurandang
Gurandangan goleti sing eman maning, Gurandangan goleti sing eman maning

(Sarung klekat ikete blangkon mas mas, yen ra nekad ora kelakon)

Sari laut rama kula nggih rama,
kluyur kluyur pada balik nganah ngidul
Ilogondang parikane
(uwa lulu uing)
Rumput toya, rumput toya
Kerinting tibaning griya, Kerinting tibaning griya
Dikemutan dikemutan, nalikane durung wawuh, nalikane durung wawuh

Lemud tingkrang, lemud tingkrang
marutu saban neng kandang, marutu saban neng kandang
Murang muring, murang muring
wong demeng arang kesanding, Wong demen arang kesanding

Sari laut rama kula nggih rama,
kluyuh kluyur pada balik nganah ngidul
Ilogondang banyumasan.

Tidak ada komentar: