Lirik Lagu Gudril Banyumasan

Senajana wis kuna mengkuna
Krungu gendinge gudril banyumasan
Kendange buket ketipungan
Jogede angresepi bisa gawe bombong ati

pada gudril, pada gudril
Cagak awak jenenge sikil
Klasa janur klasane wong mbarang gawe
Ramane, rama
Dempe dempe wong seneng ngenteni simpe

pada gudril, gudril mumet
bubar gudril duwite gemet
suket latar celulang ciut godonge
ramane, rama
aja drengki wong urip bareng sebumi

Pada gudril, gudril temu lawak
bubar gudril lara ngawak
jenang beras bumbune ketumbar adas
ramane, rama
durung marem, durung marem
wong seneng kurang rembuge

Pada gudril, watu cilik jenenge krikil
lemud tingkrang marutu saba ning karang
murang muring
wong seneng arang kesanding

Pada gudril, gudril banyumasan
gudrile sepisan maning
jangkring rung rung ketitet alum wulune
yo mas, rama
lunga lungu, lunga lungu
kedanan sing liwat mau

Tidak ada komentar: