Lirik Lagu Banyumasan - Senggot

Senggot semarang senggot, Nyidukena banyune sumur
Aja mundur aja mundur nggayuh praja adil makmur
Senggot semarang senggot, Nyidukena banyune kali
Ora rugi dadi wong titi wani mbela ibu pertiwi

Awang awang si mega mendung, Trenggilingan amba sisike
Tega nyawang ora tega nundung, Kelingan kebecikane

Senggot semarang senggot, Nyidukena banyune kali
Ngegot ayuh ngegot goletena sing pinter lengger

Eeeehh, ana lagu banyumasan garapane
Enake lagu kiye, sindenane ketipung kendange
Aduh kepenake aduh aduh kepenake
Eeeh aduh aduh kepenake suwe suwe
Aja pada dilaleke gotong royong tulung sawiji

Senggot semarang senggot, Nyidukena banyune blumbang
Ora rugi duwit segobang, Ayo kanca pada berjuang

Awang awang si mega mendung, Trenggilingan amba sisike
Tega nyawang ora tega nundung, Kelingan kebecikane

Senggot semarang senggot, Nyidukena banyune blumbang
Ora rugi duwit segobang, Waton mantep gole berjuang

Senggot semarang senggot, Nyidukena banyune kalen
Ora rugi wong pinter nyinden, Ngati ati awake kajen

Awang awang si mega mendung, Trenggilingan amba sisike
Tega nyawang ora tega nundung, Kelingan kebecikane

Wetan kali kulon kali tengah tengah ana oyode
Wetan bali kulon bali titimbang pada abote

Eeeehh, ana lagu banyumasan garapane
Enake lagu kiye, sindenane ketipung kendange
Aduh kepenake aduh aduh kepenake
Eeeh aduh aduh kepenake suwe suwe
Aja pada dilaleke gotong royong tulung sawiji

Grimis grimis meti suruh, Suruhe jarang jarangan
Nangis nangis kepengin weruh, wis weruh sawang sawangan

Gunung gunung digawe sawah, kepriwe gole mbanyoni
Atine bingung digawe susah, kepriwe gole nambani

Tidak ada komentar: