Lirik Lagu Banyumasan - Randa Nunut

Randane nunut, ora nginang ora ngemut
(ora nginang ora ngemut)
Lambene di grumut semut
(Lambene di grumut semut, bocah bocah kuwe nyolong jagung, kebayane diomeih meneng bae, suwe suwe nggo mantune)
Randane nunut, ora nunut tukang kendang
(ora nunut tukang kendang)
Nunuta sing tukang bonang
(Nunuta sing tukang bonang, pindang pigan pitik bumbune sarwa setithik, aja ngumbar prawan cilik akeh bujang pathing slidik)

Randane nunut ora nunut tukang bonang
(ora nunut tukang bonang)
Nunuta sing dadi dalang
(nunuta sing dadi dalang, jojang rina rinu sega buket pari runu, cer cer pes pesan pager gelung bunder mambu seger)

Seteruse randa nunut
Suling toya lodong alit cinangkingan
Takokna wong bagus pundi griya
(takokena takokena wong bagus pundi griyane)
Suket latar celulang ciut godonge
Aja drengki wong urip bareng sebumi
(Aja drengki aja drengki wong urip bareng sebumi)
Jambe dawe, disigar dadi selawe
Mung sawiji kang dadi pilihanku
Janur gunung sakulon banjar patoman
Kadingaren wong bagus gasik tenane
(Kadingaren Kadingaren wong bagus gasik tenane)

Pungkaasane randane nunut
Sing moblong, moblong moblong dewek
Sing cunong, cunong, cunong dewek
Randa nunut banyumasan.

Tidak ada komentar: