Lirik Lagu Banyumasan - Kembang Glepang

Kembang Glepang

Dhuh lae rama
(Celuk-celuk ana apa gendhing kecuwek)
Padha parikan Kembang glempang
sasorot kuntule nglayang
(Apa sih karepe rika wayah mene kuntule nglayang?)

Sasorot kuntule nglayang pegat kadang kinasihan
(Eman-eman temen anu kasihan, gendhung!)

Kakang-kakang pengendhange
(Ana apa sih celuk-celuk maring inyong?)
Inyong ana kene duwe sedulur lanang
(Iya kebeneran mbekayune kena nggo ampiran)

Inyong rabi rika maleni,
rika rabi nyong parani
(Inyong seneng rika tekang ngene arep nyumbang apa?)
Ora nyumbang raja brana (apa?)
nyumbang geni sawuwungan
(Ora memper temen ana nyumbang geni sawuwungan
mbokan kobar omah inyong)

Nyumbang geni sawuwungan
lawan banyu sakuranjang
(Ora memper temen nyumbang banyu
mbokan teles sarunge inyong)

Kakang-kakang pengendhane
(ana apa sih celuk-celuk maning marang inyong?)
Sepisan inyong duwe kaki-nini
(Inyonge seh seneng ko duwe kaki-nini)

Sepisan kaki-nini (ping pindho?)
ping pindho bapak biyung
(Isih pepak sih isih bapak isih biyung anak sing
ngopeni)

Ping pindho bapak lan biyung (ping telu?)
ping telu kakang mbekayu
(iyaaa, inyong se seneng yen mbakayune ayu
nggo inyong)

Ping telu kakang mbekayu (ping papat?)
ping pate bandha wirayat
(Waaa, rika sugih temen isih bandhane isih rayate)
Ping pate bandha wirayat (ping lima?)
ping lima bandhu sentana
(Inyonge belih weruh nini sadu ring setana?)

Kakang-kakang pengendhange (apa sih celuk-celuk
maning?)
Aja gawe gendra bumi Indonesia,
kena godha, bega rencana

Pitik walik jambul ireng
lirak-lirik wong inyong seneng
pitik walik jambul abang
lirak-lirik ketungka nyawang
pitik walik jambul wulung
(lirak-lirik nyong wis tepung)

Nyong wis suwe pengarahe
rika tan gathuk rasane

Plesir sore jungkate miring
ngesir kowe arang-arang nyandhing
plesir sore jungkate penyu
ngesir kowe arang-arang ketemu
bayeme lemu-lemu
(ayeme yen wis ketemu)

Dhuh lae rama (ana apa sih ko brisik wae?)
Apa rika tumon maning (tuman apa sih?)
Ana kinjeng nggeret lintang?
(Inyonge belih weruh ana kinjeng nggeret lintang)
Kinjenge kinjeng kebo, lintange lintang wluku
Ana kebo nggeret wluku

Plesir sore jungkate miring
ngesir kowe arang-arang nyandhing
plesir sore jungkate penyu
ngesir kowe arang-arang ketemu
bisa nggambang ra bisa nyuling
(bisa nyawang ra bisa nyuling)

Kembange kembang mlati
yen menganggo sarwa peni
gandhes luwe merak ati...

Pitik walik jambul ireng
lirak-lirik wong inyong seneng
pitik walik jambul abang
lirak-lirik ketungka nyawang
bayeme lemu-lemu
(ayeme yen wis ketemu)

Ki Narto Sabdho - Kembang Glepang Sl. 9.mp3
Kembang Glepang Banyumas mp3

Tidak ada komentar: